Mungkasi taun 2020 Masehi

Mungkasi taun 2020 Masèhi— Sokur awit karsaning Hyang, wis jangkěp sětaun “pěgurôn amatir” iki bisa dadi kañca sinau barěng. Sak ora-orane nganti sasi Marět awake dhewe bisa srawung icip-icip kasusastran Jawa Kuna. Sarèhne ana pagěblug Covid-19 mono ora dadi ngapa, mbok manawa iku pañcèn pratandha jaman, salin jaman, supaya aku lan sliramun bisa něněpi nyěmbah raga-cipta-jiwa-rasaning pribadi.

Sajrone owah-owahan jaman iki, awake dhewe tětěp bisa andum katrěsnan mawa teknologi “daring” kuwi klěbu babagan kang kudu dèn syukuri. Tahune isih tahun bañyu, diwiwiti tandha Wrhaspati miņtuna. Muga-muga awake dhewe slamět saka bilahi, luput saka garuning jaman. Kaya Mimi lan Mintuni kang slamět nganti pirang-pirang “Katastrofi”.

Mapak 2021 taun Gregorian, pagěblug mayangkara durung sirna, gya ndonga marèng Hyang, muga aku lan sliramu tansah sinongsongan běrkahing Gusti ing mbesok těkèng těmbe.

Sěpisan manèh, pinaka sulihing Volunteer, kula ngaturakěn agunging panuwun dhumatěng sadaya kemawon kang paring biyantu dhatěng pěgurôn, komunitas, lan warung. Sajroning sětahun tamtu akèh luput, kula nyuwun pangaputěn.

Matur nuwun #ayosinaumaneh

Sungkěm kula, Cantrik

Rendra Agusta

Mungkasi taun 2020 Masehi

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *